Ulm (pangucap cara Jerman:) minangka jeneng kutha ing Jerman. Dumunung ana ing pérangan kidul.Kanthi kang ndunungi 120.000 jiwa kacathet ing taun (2006). Ulm uga dadi salah sijiné kutha kang ana ing laladan Baden-Württemberg, Jerman. Minangka Kutha kang ana ing 90 km saka Stuttgart. Uga duwé jembae wewengkon kanthi 118,69 km². Kutha iki uga duwé memiliki kang ndunungi 1.014 jiwa/km².
Kutha kang madeg ing taun 850 misuwur kathi sajarah lan budaya minangka kutha bekas Karajan Bebas(Jerman: freie Reichsstadt). Ing jaman saiki, Ulm didadegake pusat ékonomi amarga duwé aneka rupa indhustri, lan universitas kang madeg ing taun 1967 ing Ulm. Ing njaba nagari (manca), Ulm misuwur minangka Ulm Minsteré, gréja paling dhuwur ing donya.
Kutha kembar
Kasunyataané Ulm ora duwé kutha kembar, nanging duwé makarya bareng karo kutha-kutha kaya ta.
- Jinotega, Nikaragua
- Argenton-sur-Creuse, Perancis (dengan dhistrik Wiblingen)
- Bratislava, Slowak
- Budapest, Honggari
- Baja, Honggari
- Vukovar, Kroasia
- Novi Sad, Serbia
- Subotica, Serbia
- Kladovo, Serbia
- Vidin, Bulgaria
- Silistra, Bulgaria
- Sibiu, Rumania
- Timişoara, Rumania
- Arad, Rumania
- Cluj-Napoca, Rumania
- Tulcea, Rumania
