factograf
JV

Exxon

Exxon
All data from the card 13
Type
Publik (NYSE: XOM)
ISIN
US30231G1022
Industry
Lenga patra lan gas
Founded
1911 (ing taun 1999, prusahaan nganggo jeneng saiki)
Headquarters
Kantor pusat ing Irving, Texas
Key people
Rex W. Tillerson, Chairman & CEO
Products
Produk petrokimia
Revenue
$371 milyar ASD (2005)
Operating income
48.873.000.000 Dolar AS (2024)
Net income
33.680.000.000 Dolar AS (2024)
Total assets
362.597.000.000 Dolar AS (2019)
Number of employees
88.300
Website
www.exxonmobil.com

Prusahaan Exxon Mobil utawa ExxonMobil (NYSE: XOM), kang duwé markas ing Texas (Amérikah Sarékat, iku sawijining prusahaan kang ngasilaké lan pengècèr lenga patra kang diwangun ing30 November 1999 liwat panggabungan prusahaan Exxon lan prusahaan Mobil. ExxonMobil iku indhuké perusahaan Exxon, Mobil lan Esso i8ng saindhenging donya.

ExxonMobil minangka prusahaan kabuka kang gedhé dhéwé ing donya. Kauntungan operasiné ing taun 2005 ana AS$36,13 milyar (sawijining rékor kanggoné prusahaan ing kabuka), sethithik luwih cilik tinimbang PDB Azerbaijan, déné pikolèhané luwih gedhé saka PDB Arab Saudi. ExxonMobil duwé kantor pusat ing Irving, Texas.

Bebarengan karo Shell, BP lan Total, Exxon Mobil minangka papat prusahaan lenga patra gedhé dhéwé ing donya. Direktur ExxonMobil saiki ya iku Rex W. Tillerson.

Administrasi prusahaan

Ketua Umum Direksi lan CEO Exxon Mobil Corporation ya iku Rex Tillerson. Tillerson nampa posisi dhuwur tanggal 1 Januari 2006 nalika ketua umum lan CEO Lee Raymond kang wis suwé mengku kalungguhan, pensiun.

Déwan dirèksi

Anggota dirèksi ExxonMobil saiki ya iku:

  • Michael Boskin
  • William W. George
  • James R. Houghton
  • William R. Howell
  • Reatha King
  • Philip Lippincott
  • Henry McKinnell, Jr.
  • Marilyn Nelson
  • Walter Shipley
  • Dona Doni

Read next

In 69 languages

Text from Wikipedia, CC BY-SA 4.0 · Source article