factograf
JV

pentasan kang amba

Buwana

Buwana yaiku dharatan amba kang pérangan tengahé asipat garing amarga ora kena prabawa saka angin laut kang lembab. Buwana iku dharatan ing lumah bumi kang jembar banget, umum diarani kontinèn. Jaman saiki ana 5 buwana ing lumah bumi yaiku: Asia, Afrika, Amérika, Australia lan Éropah. Ananging pamérangan iku raket kaitane kaliyan pasebaran padunung, kamangka yèn dideleng saka fisiké, buwana Amérika iku ana Amérika Kidul lan Amérika Lor, uga ana buwana Antartika.

Sajarah

Miturut Alfred Wagner, ilmuwan saka Jerman kang nemu téyori babagan pembentukan buwana, sadurungé jaman Karbon (+- 300 juta taun kapungkur), kabèh buwana kang ana saiki nggabung dadi siji kang sinebut Buwana Pangea. Buwana Pangea banjur pecah dadi 2, yaiku Buwana Laurasia lan Buwana Gondwana. Pecahé buwana Pangea iki kedadeyan sawatara 135 juta taun kapungkur. Banjur Buwana Laurasia pérangan kulon obah ngadoh mangalor, ngadohi buwana Gondwana kang akhiré dadi Buwana Amérika Utara. Déné buwana Gondwana ning kidul pecah dadi patang pérangan, yaiku:

Pérangan kulon terus geser mengulon dadi Buwana Amérika Kidul.

Pérangan wétan terus geser mengètan dadi Buwana Afrika.

Pérangan paling cilik kang pérangan wétan terus obah ning lor wétan lan dadi India.

Sing sapérangan manèh pecah dadi loro.

Read next

In 241 languages

jvAfrikaansAlemannischአማርኛaragonésÆngliscOboloالعربيةܐܪܡܝܐالدارجةمصرىঅসমীয়াasturianuаварअवधीAymar aruazərbaycancaتۆرکجهбашҡортсаBasa BaliBoarischžemaitėškaBikol Centralбеларуская (тарашкевіца)беларускаяBetawiбългарскиभोजपुरीBislamaBanjarပအိုဝ်ႏဘာႏသာႏbamanankanবাংলাবিষ্ণুপ্রিয়া মণিপুরীbrezhonegbosanskiбуряадcatalà閩東語 / Mìng-dĕ̤ng-ngṳ̄нохчийнCebuanoᏣᎳᎩکوردیcorsuqırımtatarcačeštinaчӑвашлаCymraegdanskDeutschZazakidolnoserbskiडोटेलीeʋegbeΕλληνικάEnglishEsperantoespañoleestieuskaraestremeñuفارسیFulfuldesuomivõroNa Vosa VakavitifrançaisarpetanNordfriiskfurlanFryskGaeilgekriyòl gwiyannenGàidhliggalegoگیلکیAvañe'ẽBahasa Hulontalo𐌲𐌿𐍄𐌹𐍃𐌺ગુજરાતીHausaHawaiʻiעבריתहिन्दीFiji HindihrvatskihornjoserbsceKreyòl ayisyenmagyarհայերենinterlinguaJaku IbanBahasa IndonesiaInterlingueIlokanoгӀалгӀайIdoíslenskamedžuslovjanskyitaliano日本語Patoisla .lojban.ქართულიQaraqalpaqshaTaqbaylitJjuадыгэбзэKabɩyɛTyapKongoқазақшаಕನ್ನಡYerwa Kanuri한국어къарачай-малкъарکٲشُرkurdîкомиkernowekкыргызчаLatinaLadinoLëtzebuergeschлезгиLingua Franca NovaLimburgsLigureLadinlombardlingálaລາວlietuviųlatgaļulatviešuमगहीमैथिलीBasa BanyumasanмокшеньMalagasyолык марийMāoriMinangkabauмакедонскиമലയാളംмонголဘာသာမန်मराठीкырык марыBahasa MelayuMaltiMirandésမြန်မာဘာသာمازِرونیNāhuatlNapulitanoNedersaksiesPlattdüütschनेपालीनेपाल भाषाNederlandsnorsk nynorsknorskNouormandSesotho sa Leboaoccitanଓଡ଼ିଆਪੰਜਾਬੀPapiamentuPicardpolskiPiemontèisپنجابیپښتوportuguêsRuna Simirumantschromani čhibromânătarandíneрусскийрусиньскыйसंस्कृतम्саха тылаᱥᱟᱱᱛᱟᱲᱤsardusicilianuScotsسنڌيsrpskohrvatski / српскохрватскиတႆးසිංහලSimple EnglishslovenčinaslovenščinaGagana SamoachiShonaSoomaaligashqipсрпски / srpskiSesothoSeelterskSundasvenskaKiswahiliślůnskiதமிழ்తెలుగుтоҷикӣไทยTürkmençeTagalogtoki ponaTok PisinTürkçeтатарча / tatarçachiTumbukaTwiудмуртئۇيغۇرچە / Uyghurcheукраїнськаاردوoʻzbekcha / ўзбекчаvènetovepsän kel’Tiếng ViệtWest-VlamswalonWinarayWolof吴语isiXhosaმარგალურიייִדישYorùbáⵜⴰⵎⴰⵣⵉⵖⵜ ⵜⴰⵏⴰⵡⴰⵢⵜ文言閩南語 / Bân-lâm-gí粵語中文isiZulu

Text from Wikipedia, CC BY-SA 4.0 · Source article