Jawa Tengah kuwe salah siji propinsi Indonesia sing panggonane nang iring tengah Pulau Jawa. Propinsi kiye jejeran karo Propinsi Jawa Barat nang iring kulon, Samudra Hindia lan Daerah Istimewa Yogyakarta nang sisi kidul, Jawa Timur nang sisi wetan, lan Laut Jawa nang sisi lor. Luas wilayahe 32.548 km², utawa sekitar 25,04% sekang luase pulau Jawa. Propinsi Jawa Tengah uga meliputi Pulau Nusakambangan nang sisi kidul (dekat karo perbatasan Jawa Barat), lan Kepulauan Karimun Jawa nang Laut Jawa.
Pengertian Jawa Tengah secara geografis lan budaya kalang uga mencakup wilayah Daerah Istimewa Yogyakarta. Jawa Tengah kuwe konlang dadi "jantung" budaya Jawa. Nang propinsi kiye ana suku bangsa liyane sing nduwe budaya sing sejen karo suku Jawa kaya suku Sunda nang daerah perbatasan Jawa Barat. Seliyane kuwe ana warga Tionghoa-Indonesia, Arab-Indonesia lan India-Indonesia sing kesebar nang propinsi kiye.
Sejarah
Artikel utama bab: Sejarah Jawa Tengah
Propinsi Jawa Tengah ditetapna secara admikistratif dadi Propinsi miturut Unlang-Unlang Nomer 10/1950 tanggal 4 Juli 1950.
Geografis
Propinsi Jawa Tengah kuwe diapit 2 propinsi gede, yakuwe Propinsi Jawa Barat karo Propinsi Jawa Timur. Lokasi geografise: 5o40' karo 8o30' Lintang Kidul uga antara 108o30' karo 111o30' Bujur Wetan (kuwe uga termasuk Pulau Karimunjawa). Jarak paling adoh sekang kulon nganti wetan kuwe ± 263 Km, sekang sisi lor ming arah kidul 226 Km (ora termasuk pulau Karimunjawa).
Pemerentahan
Propinsi kiye ketata sekang 29 kabupaten karo 6 kotamadya.
Kabupaten
- Kabupaten Banjarnegara
- Kabupaten Banyumas
- Kabupaten Batang
- Kabupaten Blora
- Kabupaten Boyolali
- Kabupaten Brebes
- Kabupaten Cilacap
- Kabupaten Demak
- Kabupaten Grobogan
- Kabupaten Jepara
- Kabupaten Karanganyar
- Kabupaten Kebumen
- Kabupaten Kendal
- Kabupaten Klaten
- Kabupaten Kudus
- Kabupaten Magelang
- Kabupaten Pati
- Kabupaten Pekalongan
- Kabupaten Pemalang
- Kabupaten Purbalingga
- Kabupaten Purworejo
- Kabupaten Rembang
- Kabupaten Semarang
- Kabupaten Sragen
- Kabupaten Sukoharjo
- Kabupaten Tegal
- Kabupaten Temanggung
- Kabupaten Wonogiri
- Kabupaten Wonosobo
Kota
Daftar gubernur

Gubernur Jawa Tengah sekiye kuwe Ganjar Pranowo. Struktur Pemrintahan Daerah Jawa Tengah terdiri atas Sekretariat Daerah (sing meliputi 3 asisten lan membawahi 9 biro), 19 dinas, 6 kantor, 15 badan, serta 7 balan rumah sakit daerah.
| No | Jeneng | Sekang | Nganti | Prd. | Ket. | Wakil Gubernur | ||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| 1 | Raden Panji Soeroso | 18 Agustus 1945 | 13 Oktober 1945 | 1 | ||||
| 2 | K.R.M.T. Wongsonegoro | 13 Oktober 1945 | 13 Oktober 1949 | 2 | ||||
| 3 | Raden Boedijono | 1949 | 1954 | 3 | ||||
| 4 | MRT Mangoen Negoro | 1954 | 1958 | 4 | ||||
| 5 | R. M. T. Soekardji Mangoen Koesoemo | 1958 | 1958 | 5 | ||||
| 6 | R. M. Hadisoebeno Sosrowerdojo | 1958 | 1960 | 6 | ||||
| 7 | Mochtar | 1960 | 1966 | 7 | ||||
| 8 | Moenadi | 1966 | 1974 | 8 | ||||
| 9 | Soepardjo Rustam | 1974 | 1982 | 9 | ||||
| 10 | Muhammad Ismail | 1983 | 1988 | 10 | ||||
| 1988 | 1993 | 11 | ||||||
| 11 | Soewardi | 1993 | 1998 | 12 | ||||
| 12 | Mardiyanto | 24 Agustus 1998 | 24 Agustus 2003 | 13 | ||||
| 24 Agustus 2003 | 28 September 2007 | 14 | Ali Mufiz | |||||
| 13 | Ali Mufiz | 28 September 2007 | 23 Agustus 2008 | |||||
| 14 | Bibit Waluyo | 23 Agustus 2008 | 23 Agustus 2013 | 15 | Rustriningsih | |||
| 15 | Ganjar Pranowo | 23 Agustus 2013 | 23 Agustus 2018 | 16 | Heru Sudjatmoko | |||
| — | Heru Sudjatmoko (Pelaksana Tugas) |
15 Februari 2018 | 24 Juni 2018 | — | — | |||
| — | Syarifuddin (Penjabat) |
23 Agustus 2018 | 5 September 2018 | — | ||||
| (15) | Ganjar Pranowo | 5 September 2018 | 5 september 2023 | 17 | Taj Yasin Maimoen | |||
| 16 | Komjen Pol (Purn) Drs. Ahmad Luthfi, S.H., S.St.M.K. | 20 Februari 2025 | Siki | 18 | Taj Yasin Maimoen | |||
Perwakilan
Jawa Tengah ngirimna 77 wakil sekang sepuluh daerah pemilihan maring DPR RI lan papat wakil maring DPD.
DPRD Jawa Tengah hasil Pemilihan Umum Legislatif 2009 tersusun dari sepuluh partai, dengan perincian sebagai berikut:
| Partai | Kursi | % |
|---|---|---|
| PDI-P | 23 | - |
| Partai Demokrat | 16 | - |
| Partai Golkar | 11 | - |
| PKS | 10 | - |
| PAN | 10 | - |
| PKB | 9 | - |
| Partai Gerindra | 9 | - |
| PPP | 7 | - |
| Partai Hanura | 4 | - |
| PKNU | 1 | - |
| Total | 100 | 100,0 |
Luas Wilayah
Ambane Wilayah Jawa Tengah kuwe kira-kira 3,25 juta hektar utawa sekitar 25,04 persen ambane pulau Jawa (1,70 persen amba Indonesia).
Lahan
Sekitar 1,00 juta hektar (30,80 persen) lahan Jawa Tengah kuwe kanggo lahan sawah lewihane sing 2,25 juta hektar (69,20 persen) dudu lahan sawah. Lahan sawah sing nganggo sistem pengairan teknis (38,26 persen), lewihane nganggo sistem pengairan setengah teknis, tadah hujan lyy. Potensi lahan sawah sing bisa ditanduri pari kuwe jane lewih amba yakuwe sekitar 69,56 persen.
Lahan garing 34,36 persen kanggo tegalan/kebon/lalang/huma.
Iklim
Miturut Stasiun Klimatologi Klas 1 Semarang, suhu udara rata-rata nang Jawa Tengah kuwe sekitar 18oC nganti 28oC. Wilayah-wilayah sing pedhek karo pantai rata-rata suhune relatif lewih dhuwur. Rata-rata suhu banyu antara 21oC nganti 28oC. Kelembaban udara rata-rata antara 73 persen nganti 94 persen. Curah hujan paling akeh kuwe nang Stasiun Meteorologi Pertanian khusus batas Salatiga, kuwe ± 3.990 mm, utawa ulan 195 dina setaun.
