Stegosaurus tegesé "kadal kang duwé atap", amarga sisik-sisik gedhé kang ana ing dhuwur gegere (basa Yunani stego = piring/atap + sauros = kadal) ya iku sawijining génus dinosaurus hèrbivor gedhé saka jaman Awal Jurassic ing Amérika Utara. Spesies iki ya iku salah siji jinising dinosaurus kang paling gampang diidentifikasi, awit rong baris sisik sing padha pating sinilang ing gegere (dhasar kanggo jeneng ilmiahe) lan 2 pasang eri dawa sing ana ing buri buntute (dijenengi thagomizer).
Anatomi
Stegosaurus dawane nganti 26-30 kaki (8-9 mèter), dhuwure saka lemah sawatara 9 kaki(2,75 m), lan duwé bobot antara 6.800 pounds (3100 kg). Ukuran endhase cilik kanthi wujud tenggkorak sing dawa, lancip, lan sesek. Stegosaurus duwé ruang kopong ing sirahé. Biyèn para ahli ngira-ira yèn Stegosaurus duwè polo kaloro. Sikil burine duwé telung driji cendhek saben sikile,sawatara sikil ngarepe duwé limang driji mung duwé kuku kethul. Sikil ngarep Stegosaurus luwih cendhek tinimbang sikil burine. iki nyebabake postur awake stegosaurus rada ora biyasa. Posisi buntute luwih dhuwur tinimbang endhase. Yèn dietung jarak dhuwure antara endhase Stegosaurus diwasa karo lemah kira-kira mung 1 mèter (3,3 kaki).
Tengkorake dawa lan sempit. Ing jerone tengkorak ana antorbital fenestra cilik,ya iku bolongan cilik sing nyambungake antara irung lan matane sing umum ana ing Archosaurus,kalebu manuk modern saiki,sanajan ing jinis crocodylians wis ilang. Posisi endhase stegosaurus sing luwih cedhak karo lemah nuduhake yèn Stegosaurus golet pangan saka tuwuhan lemah sing cendhek (sesuketan,lsp.). Penafsiran iki dijurung déning ra anané untu ngarep lan penggantiane untu nganggo Ramphotheca.Stegosaurian duwé untu cilik lan datar,sing mbuktekake yèn Stegosaurus ora nggolong panganane. Panggonan inset kang ana ing rahang nuduhake yèn Stegosaurus duwé pipi sing kena dienggo nyimpen panganane ing cangkem nalika ngunyah.
