factograf
JV
Sign in

panganan khas Indhonésia saka pulo Jawa

Pecel

Pecel
All data from the card 3
Panggonan asal
Indonésia
Tlatah utawa praja
Jawa
Woworan pokok
janganan lan bumbu kacang
Sega pecel ing tlaga Sarangan Kabupatèn Magetan Jawi Wètan
Sega pecel ing tlaga Sarangan Kabupatèn Magetan Jawi Wètan
Resep bumbu pecel
Resep bumbu pecel
2 images

Pecel iku panganan kang digawé saka janganan kang wis digodhog samatengé banjur didhahar nganggo sambel kacang. Kang kalebu janganan ing pecel yaiku kacang dawa utawa lanjaran, godhong pohung, cipir, godhong cikri, godhong bayem, kembang turi, sawi, kobis, wortel, lan cambah. Pecel racaké digawé lawuh nalika dhahar. Nalika dhahar, pecel luwih énak yèn didhahar bareng karo goréngan kaya déné krupuk utawa goréngan mendhoan.

Carané nggawé pecel

  • Janganan ijo-ijo kaya ta kacang dawa, godhong pohung, cipir, godhong cikri, godhong bayem, kembang turi, sawi, kobis, wortel, lan cambah dikumbah banjur digodhog saumuban banjur ditus.
  • banjur nggawé sambel kacang.

Carané nggawé sambel kacang

  • bawang, trasi, uyah, kulit jeruk purut, lan kencur diuleg nganti alus.
  • banjur diwènèhi kacang gorèng lan gula Jawa mèlu diuleg nganti alus uga.
  • wènèhi banyu sacukupé banjur diudheg.
  • banjur dicampurké karo godhong-godhongan ing dhuwur mau
  • pecel siyap didhahar


Read next

In 18 languages

Text from Wikipedia, CC BY-SA 4.0 · Source article