Pathet punika ukuran inggil lan andhapipun gendhing (swanten gamelan). Pathet punika ingkang dados patokan runtut lan saenipun gendhing. Pathet dados wates inggil lan andhapipun tata caca nabuh gamelan. Cara nabuh gamelan slendra lan pélog kanthi nganggé pathet ingkang kapérang dados tigang jinis, inggih punika:
- Pathet nem, nganggé dhasar swanten laras lugu,
- Pathet sanga, nganggé dhasar swanten laras (swanten ingkang runtut kanthi saé) gangsal,
- Pathet manyura, nganggé dhasar swanten laras nem.
Ing salebeting pakem pewayangan, pathet nem (jam 21.00-24.00), dipunwiwiti saking adegan istana ngantos perang rampogan utawi perang gagal. Pathet sanga (jam 24.00-03.00), sasampunipun perang kembang ngantos sasampunipun adegan pertapan. Pathet manyura (jam 03.00-06.00), sasampunipun perang kembang ngantos pungkasan. Manyura tegesipun merak, werdinipun wekdal punika sampun “prak” utawi wekdal sampun badhé parak énjing.
Jinis
Jinisipun pathet miturut laras (pélog lan slendra):
- Slendra
- Nem: 6-5-3-2
- Sanga: 2-1-6-5
- Manyura: 3-2-1-6
- Pélog
- Lima: 5-4-2-1 (lami) utawi 5-3-2-1 (énggal)
- Nem: 2-1-6-5
- Barang: 3-2-7-6
- Manyura: 3-2-1-6
