Moonraker (1979) ya iku filem mata-mata kasewelas ana ing seriJames Bond lan kang kapapat kang lakone Roger Moore minangka agen fiksi James Bond.Film iki ya iku filem katelu lan terakhir ana ing seri James Bond kang disutradarai déning Lewis Gilbert.Sing nyengkuyung ana ing filem iki ya iku lois Chiles, Michael Lonsdale, Corinne Clery, lan Richard Kiel. Film iki nyritakake James Bond kang nggoleki sebab kasus ilange pesawat ulang alik,banjur dhewekke nemoni Hugo Drax, kang duwé perusahaan pesawat mau. Sawisé ketemu karo ilmuwan luar akasa Holly Goodhead, Bond banjur menyang California, Venesia, Rio de Janeiro, lan hutan hujan Amazon sadurungé menyang luar akasa. Moonraker sadurungé arep digawé dadi filem sadurungé novèlé dadi taun 1954.
Pranala njaba
- Moonraker ing Internet Movie Database
- Moonraker ing AllMovie
- Moonraker ing Rotten Tomatoes
- Moonraker ing Box Office Mojo
- Situs resmi MGM untuk Moonraker