Mary Elizabeth Chieffo (lair 7 Novèmber 1992) iku aktris Amérika Sarékat. Dhèwèké kawentar olèhé maragakaké sang Klingon L'Rell in sèri Star Trek: Discovery.
Urip pribadi
Chieffo lair tanggal 7 November 1992,[3] ing Los Angeles, California. Dhèwèké gedhé ing lingkungan Valley Village, Los Angeles ing California, anak wadon tunggal saka aktor Michael Chieffo lan Beth Grant.
Dhèwèké sekolah ing divisi Drama Sekolah Juilliard ing New York City, lan éntuk gelar Sarjana Seni Rupa ing taun 2015. Salah siji kanca sakelasé yaiku Mary Wiseman, kanca sakelasé ing Star Trek: Discovery.
Chieffo metu saka publik minangka lesbian ing karpet abang sadurungé acara Star Trek Day sing dianakaké tanggal 8 September 2021, ing Pusat Budaya Skirball ing Los Angeles, California. Dhèwèké banjur njlèntrèhaké manawa dhèwèké ngidhèntifikasi minangka "demiseksual panromantis lan bangga nduŵèni hubungan lesbian". Sawetara dina sawisé iku, dhèwèké ngonfirmasi liwat feed Twitter-é manawa dhèwèké pacaran karo penulis lan aktor Madi Goff. Chieffo nulis esai pambuka kanggo édhisi 2023 Marvel's Voices: Pride #1, sing nggambaraké kabutuhan pawakilan kaum banci ing médhia.
Filmografi
| Taun | Irah-irahan | Paraga | Cathetan |
|---|---|---|---|
| 2017–19 | Star Trek: Discovery | L'Rell | recurring character (13 episodes) |
| 2020 | Operation Othello | Ensign Iago | VR TV movie, she was also the writer and producer. |
| 2022 | Iago: The Green Eyed Monster | Iago | VR short movie, she was also the writer and director. |
| 2024 | Star Trek: Lower Decks | K'Elarra | Voice, Episode: "A Farewell to Farms" |
Pranala njaba
- Mary Chieffo ing Internet Movie Database
