factograf
JV

Markisa

Markisa

Markisa éwoning tuwuhan génus Passiflora, asalè saka laladan tropis lan sub tropis ing Amèrika lan akèh ditandur ing nagara Brazillia, Australia, Fiji, Kènya lan Afrika. Ana ing laladan asalè markisa akèh urip ana ing alas-alas lan jinisè uga warna-warna. Ing Indonèsia uga akèh ditandur ing laladan Sumatera Lor, Sumatera Kulon, Sumatera Kidul, Jawa Kulon, Sulawesi Kidul, lan ing laladan-laladan liyanè. Ing Indonèsia ana rong jinis markisa ya iku markisa ungu passiflora edulis kang urip ana ing dataran dhuwur lan markisa kuning passiflora flavicarva kang urip ana ing dataran cendhèk. Saliyané iku uga ana jinis markisa markisa konyal (Passiflora lingularis) lan markisa erbis (Passiflora quadrangularis). Laladan kang dadi sèntra produksi markisa iki kaya ta Sumatera Lor, lan Sulawesi Kidul. Markisa kang diasilakèè ana ing Indonésia racaké kanggo digawè sirup markisa. Sirup markisa iki duwè manfaat kanggo awak.

Manfaatè

Markisa duwè khasiat kanggo tamba

  • rasa nyeri
  • anti-kejang,
  • kolitis
  • penenang
  • antiradang
  • sembelit
  • disentri
  • insomnia
  • gangguan haid
  • watuk
  • serak
  • diarè
  • neurastenia.

Kandungan kang ana ing markisa uga bisa kanggo antioksidan kanker. Markisa iki uga apik kanggo tamba

Kejaba saka iku markisa uga bisa kanggo penenang saraf lan penyèhat piranti rèproduksi uga kanggo penambah stamina.

Gladri

2 spésies saka markisa
2 spésies saka markisa
Markisa ungu
Markisa ungu
Markisa ungu
Markisa ungu
Markisa kuning
Markisa kuning
Markisa kuning
Markisa kuning
béda ukurane markisa kuning karo ungu
béda ukurane markisa kuning karo ungu
Markisa ana ing wite
Markisa ana ing wite
Kembang Passiflora flavicarpa
Kembang Passiflora flavicarpa
8 images

Read next

In 77 languages

Text from Wikipedia, CC BY-SA 4.0 · Source article