factograf
JV
Sign in

Labrador Retriever

Labrador Retriever
All data from the card 9
Julukan
Lab, Labrador
Negara asal
Kanada (Newfoundland)
FCI
Grup 8 Sèksi 1 #122
AKC
Sporting
ANKC
Group 3 (Gundogs)
CKC
Group 1-Sporting Dogs
KC (UK)
Gundog
NZKC
Gundog
UKC
Gun Dog

Labrador Retriever Canis familiaris (utawi asring dipunsebat Labrador utawi dipuncekak LAB) inggih punika salah satunggalipun jinis segawon saking pinten-pinten jinis segawon retriever, jinis segawon pistol. Karakteristik Labrador Retriever inggih punika gadhah cakar ingkang wonten selaputipun ingkang dipunanggé nglangi ing toya. Ing Kanada, Britania Raya, lan Amérika Sarékat, Labrador Retriever misuwur minangka segawon ingkang prodhuktif réprodhuksinipun (wiwit taun 1991). Labrador Retriever ugi dados segawon ingkang paling misuwur minangka segawon pambiyantu ing Australia, Kanada, Inggris, Amérika Sarékat, lan kathah nagari sanèsipun. Segawon punika ugi asring dipun-ginakaken déning pulisi lan organisasi resmi sanèsipun. Limrahipun segawon punika gadhah karakteristik atletis lan remen nglangi, dolanan ngejar lan mendhet dolanan. Segawon punika ugi saged dipun-ginakaken kanggé panjagi.

Leluhuripun Labrador Retriever asalipun saking Pulo Newfoundland, sapunika mlebet provinsi Newfoundland, Kanada. Generasi pendhiri labrador inggih punika St. John's Water Dog. Leluhuripun segawon St. John's Water Dog boten dipunmangertosi, nanging kamengkinan kalebet campuran trah segawon saking Inggris, Irlandia, lan Portugis. Segawon ing Newfoundland kamengkinan asil saking paternakan segawon St. John kaliyan mastiffs ingkang dipunbekta dhateng pulo kasebat déning warigaluh portugis ing abad kaping 16.

Read next

In 78 languages

Text from Wikipedia, CC BY-SA 4.0 · Source article