James VI saking Sekotlan utawi James I saking Inggris lan Irlandia punika Raja Inggris, Raja Sekotlan, lan Raja Irlandia, lan raja sepindhah ingkang nyebat piyambakipun Raja Britania Raya. Panjenenganipun miyos tanggal 19 Juni 1566 lan tilar donya tanggal 27 Maret 1625. Panjenenganipun kuwaos ing Sekotlan minangka James VI wiwit 24 Juli 1567 dumugi Elizabeth I saking Inggris tilar donya taun 1603. Lajeng panjenenganipun nguwaos ing Inggris lan Irlandia saking Persatuan Makutha tanggal 24 Maret 1603 dumugi tilar donyanipun. Panjenenganipun punika panguwaos sepindhah ing Inggris saking Wangsa Stuart. Panguwaos Inggris pungkasan inggih punika Elizabeth I. Panjenenganipun tilar donya tanpa patutan.
Panjenenganipun punika panguwaos ingkang saé ing Sekotlan nanging panguwaos ingkang awon ing Inggris. Panjenenganipun crah sulaya kaliyan parlemèn lan boten migunakaken arta karajan kanthi becik. Sapérangan tiyang nelakaken bilih panjenenganipun ingkang njalari Perang Sadhèrèk Inggris. Ing salebeting perang puniki, putranipun, Charles I kaperjaya. Nanging nalika James kuwaos, pamarèntahan Sekotlan lan Inggris cekap stabil. James sanget kadhidhik lan saé anggènipun sinau. Panjenenganipun mbiyantu tiyang salebeting Elizabethan England kanggé sinau manéka prakawis kados ta sains, sastra, lan seni. James nyerat Daemonologie ing taun 1597, The True Law of Free Monarchies taun 1598, Basilikon Doron taun 1599, lan A Counterblaste to Tobacco taun 1604.
