- Artikel punika mbahas pandhiri Ford Motor Company; kanggé artikel bab tiyang sanès ingkang ugi namanipun Henry Ford, mangga mriksani Henry Ford (disambiguasi).
Henry Ford (30 Juli 1863 - 7 April 1947) punika ingkang ngadegaken Ford Motor Company kaliyan kaanggep ndamel kelas menengah ing masarakat Amérika. Piyambakipun ugi ingkang pratami nrapaken sistem prodhuksi ban berjalan salebetipun prodhuksi massal montor ingkang reginipun kagolong mirah. Mobilipun ingkang misuwur punika Ford modhèl T.
Yasanipun punika inggih saged ndamel révolusi wonten ing bisnis saha indhustri.
