factograf
JV
Sign in

Flavonoid

Flavonoid
Struktur isoflavon
Struktur isoflavon
Struktur neoflavonoid
Struktur neoflavonoid
2 images

Flavonoid yaiku senyawa kang kasusun saka 15 atom karbon kang racaké sumebar ing tuwuhan. Luwih saka 2000 flavonoid kang asalé saka tuwuhan wis diidentifikasi, nanging ana telung golongan kang umum disinau, yaiku antosianin, flavonol, lan flavon. Antosianin (saka basa Yunani anthos, kembang lan kyanos, biru-tuwa) yaiku pigmen warna kang racaké ana ing kembang duwé warna abang, ungu, lan biru. Pigmen iki uga ana ing pirang-pirang pérangan tuwuhan liyané tuladhané, woh-wohan tertentu, pang, godhong lan ing oyot. Flavnoid kerep ana ing sel epidermis. Akeh-akèhé flavonoid ana ing vakuola sel tuwuhan sanajan panggonan sintesisse ana ing njaba vakuola.

Fungsi

Antosianin lan flavonoid liyané narik kawigaten akèh ahli genetika amarga ana kemungkinan kanggo nggubungake pirang-pirang karubedan morfologi ing antarané spésies kang cedhak karo siji génus tuladhané karo jinis flavonoid kang dikandung. Flavonoid kang ana ing spésies kangpadha kekancan ing siji génus mènèhi informasi tumrap ahli taksonomi kanggo nglompokkake lan nemtokake garis evolusi tuwuhan iku.

Cahya kususe sadawané glombang biru ningkatake pambentukan flavonoid lan flavonoid ningkatake resistensi tuwuhan marang radiasi UV.

Quercetin lan myricetin, minangka jinis flavonoid kang nglindungi sel Caco-2 kang ana ing saluran pencernaan saka oksidasi rante gandha DNA lan asifat antioksidan kang nglindungi kolonosit saka stress oksidatif.

Read next

In 55 languages

Text from Wikipedia, CC BY-SA 4.0 · Source article