factograf
JV

Ewahan sosial

 

Ewahan sosial yaiku wujud transisi sing ngowahi tatanan uripe masyarakat. Owahan iki kelakon terus-terusan kerono sipat sosial sing dinamis lan isok terus owah. Ewahan sosial yaiku owah-owahan kang dumadi ing individu- individu ing masyarakat lan uga lembaga- lembaga sosial ing sawijining masyarakat kang mengaruhi sistem sosiale, kalebu nilai -nilai, adat- istiadat, budaya, sikap sosial individu-individu masyarakat, lan pola -pola solah bawa ing antarane kelompok-kelompok ing masyarakat.. Sawetara téyori owah-owahan sosial wis spesifik lan rinci ing aspek tartamtu saka masyarakat utawa institusi. Dampak ewah-ewahan sosial ingkang kadadosan wonten ing masarakat saged beda kaliyan pengaruh ewah-ewahan sosial ingkang wonten ing masarakat sanesipun. Owah-owahan sosial dumadi ing macem-macem struktur sosial kanthi cepet utawa alon. Proses owah-owahan sosial ora kedadeyan kanthi otomatis lan nduweni mekanisme tartamtu, nanging amarga tujuan tartamtu. Laju owah-owahan sosial bisa dadi revolusioner utawa evolusi. Faktor-faktor kang njalari owah-owahan sosial bisa saka njero masyarakat uga saka njaban masyarakat lan saling gegandhengan.

Read next

In 43 languages

Text from Wikipedia, CC BY-SA 4.0 · Source article