factograf
JV
Sign in

artacihna Arab, Serbiya, Kosovo, lan Makedoniya Lor

Dinar

Dinar

Dinar (utawa b. Arab: دينار dīnār) iku valuta resmi kang dipigunakaké sapérangan nagara. Ing jaman biyèn, koin dhinar mas dipigunakaké wiwit mangsa Islam kanggo kagiyatan ijol-ijolan barang utawa jasa ing wewengkon kakalifahan. Panguwasa Islam iku sajatiné nyonto dhuwit koin mas saka Kakaisaran Romawi Wétan (Bizantium), kang arané dēnārius auri.

Étimologi

Tembung dīnār dijupuk saka tembung δηνάριον denarion saka basa Yunani, lan sadurungé dijupuk saka tembung dēnārius saka basa Latin.

Valuta resmi

Nagara-nagara kang migunakaké dhinar (utawa jeneng sing mèmper) kanggo valuta resminé, yaiku:

Nagara Valuta Kodhe ISO 4217
 Aljazair Dinar Aljazair DZD
 Bahrain Dinar Bahrain BHD
 Irak Dinar Irak IQD
 Yordania Dinar Yordania JOD
 Kuwait Dinar Kuwait KWD
 Libya Dinar Libya LYD
Cithakan:Country data Républik Makedonia Denar Makedonia MKD
 Serbia Dinar Serbia RSD
 Tunisia Dinar Tunisia TND

Gladri

Wujud mancus utawa dhuwit emas.
Wujud mancus utawa dhuwit emas.

Read next

In 70 languages

Text from Wikipedia, CC BY-SA 4.0 · Source article