factograf
JV

Présidhèn Amérika Sarékat kaping 21

Chester A. Arthur

Chester A. Arthur
All data from the card 19
Wakil Présidhèn
Ora ana
Kang sadurungé
James A. Garfield
Kang sawisé
Grover Cleveland
Présidhèn
James Garfield
Kang sadurungé
William A. Wheeler
Kang sawisé
Thomas A. Hendricks
Lair
5 Oktober 1829Fairfield, Vermont
Pati
18 Novèmber 1886 (umur 57)New York, New York
Bangsa
Amérika
Parté pulitik
Républik
Sisihan
Ellen Lewis Herndon Arthur, ponakan Matthew Fontaine Maury
Almamater
Union College
Panggaota
PengacaraPegawai nagariPendidik
Agama
Episkopal
Kasetyan
United States of AmericaUnion
Cawang
Union Army
Pangkat
Brigadir Jendral
Iji
New York Militia
Perang
Perang Sadulur Amérika

Chester Alan Arthur (lair ing Fairfield, Vermont, 5 Oktober 1829 – pati ing New York, New York, 18 Novèmber 1886 ing umur 57 taun) yaiku wong pulitikus Amérika kang dadi Présidhèn Amérika Sarékat kang ka-21, yaiku wiwit taun 1881 nganti tekan taun 1885. Sadurungé dadi Présidhèn Amérika Sarékat, dhèwèké dadi Wakil Présidhèn ing ngisoré Présidhèn James Garfield. Dhèwèké diangkat dadi présidhèn tanggal 19 September 1881, nalika James Garfield mati dina iku, amarga ditémbak. Dhèwèké uga dadi anggota Parté Républik.

Chester Arthur lair tanggal 5 Oktober 1830. Sadurungé dadi Présidhèn, dhèwèké tau dadi guru, pengacara kang suksès, panegak Parté Républik ing New York, mbentuk bala rakyat ing nagara New York (ing awal mulané Perang Sadulur Amérika), Kepala Pérangan Piranti (pengurus piranti bala kanggo médhan peperangan), lan Kepala Jawatan Béa Cukai ing New York (ngurusi panarikan telu-perpapaté saka kabèh dhuwit cuké ing New York kang ditampa déning Pamaréntah Federal) lan dadi wakil présidhèn ing ngisoré Présidhèn James Garfield.

Mangsa dadi présidhènan

Sadurungé dadi Présidhèn Chester Arthur bener-bener nglakokaké pulitik, nanging dadi Présidhèn, dhèwèké ora nganggo pulitik, lan dhèwèké uga ngorbanaké kauntungan pulitik kanggo nglakokaké tugasé. Masalah iki kang njalari rugi kang gedhé ing parténé, yaiku Parté Républik.

Read next

In 124 languages

Text from Wikipedia, CC BY-SA 4.0 · Source article