factograf
JV

Cèri

Cèri

Ceri ya iku sakelompok tuwuhan kang wohe dadi anggota marga Prunus. Ceri ora namung nyakup sawijining jinis baé nanging akèh jinisé kaya ta P. cerasus, P. avium, lan P. emarginata.

Ceri ya iku sawijining wit kang paling disenengi ing Jepang lan kembange karan kembang sakura. ing wiwitan mangsa semi, nalika kembang ceri mekar, wong-wong piknik bareng-bareng ing taman kang akèh ditanduri wit ceri iki. ing Australia woh ceri racaké mateng nalika mangsa Natal, minangka ing Amérika lan Éropah kidul ing sasi Juni. Produksi ceri ing donya iki saiki watara telung juta ton saben taun. saliyané iku kembang lan woh ceri uga didadeake rerenggan hidangan panganan utawa ombèn-ombèn. Woh ceri ngandhut antosianin, ya iku pigmen wetna abang kang apik kanggi keséhatan amarga ngandhut antioksidan.

Gladri

Sakelompok woh ceri ing sasi Mèi (Perancis)
Sakelompok woh ceri ing sasi Mèi (Perancis)
kembang ceri putih
kembang ceri putih
kembang ceri kang mekar
kembang ceri kang mekar
Washington, D.C. Tidal Basin nuduhake kembang ceri kang mekar
Washington, D.C. Tidal Basin nuduhake kembang ceri kang mekar
kembang tuwuhan ceri
kembang tuwuhan ceri
kembang tuwuhan ceri
kembang tuwuhan ceri
Prunus serrulata ing Ponta Grossa, kidul saka Brasil. Tetanduran ing wilayah iki ana ing tengah mangsa
Prunus serrulata ing Ponta Grossa, kidul saka Brasil. Tetanduran ing wilayah iki ana ing tengah mangsa
7 images

Pranala njaba

  • "Cherry juice hailed as superfood", Daily Mail, 26 September 2008.
  • Phenolic compounds in sweet and sour cherries Archived 2009-03-06 at the Wayback Machine.—Cornell University study.

Read next

In 47 languages

Text from Wikipedia, CC BY-SA 4.0 · Source article