Bruno Mars inggih punika penyanyi Pop, Hip Hop, Soul, R&B, lan dados tiyang ingkang damel tembang. Piyambakipun gesang ing California, Amérikah Sarékat nanging kelairan saking Jatiroto, Lumajang. Piyambakipun misuwur saking tembang Nothin’On You ingkang kolabrasi kaliyan B.o.B lan saking tembang Just The Way You Are. Bruno lair ing kulawarga seni. Bapakipun Pete kelairan New York inggih punika tiyang ingkang main perkusi lan ibunipun Bernie, campuran Filipina lan Puerto Rico inggih punika tiyang ingkang nari hula. Bruno Mars gadhah asma lair Peter Eugene Hernandez, piyambakipun dipunparingi asma Bruno amargi dangu punika ingkang Bruno nalika taksih alit piyambakipun mirib kaliyan pegulat misuwur inggih punika Bruno Sammartino. Lan asma Mars dipunparingaken amargi tiyang-tiyang nyebat Bruno boten mirib Bumi, amargi punika piyambakipun mundhut asma Planet Mars. Ingkang dados Bruno Mars, piyambakipun lair tanggal 8 Oktober 1985.
Karir Bruno Mars
Ing taun 2006, piyambakipun tepang kaliyan Aaron Bay Schuck, ingkang salajengipun dados manajer Bruno lan wonten ing agansi Atlantic Records. Karir punika dipunwiwiti saking dados panyerat tembang kanggé penyanyi sapanunggalipun. Piyambakipun wonten ing album Alexandra Burke (Perfect saking album Overcome), Travie McCoy (We’ll Be Alright saking album Lazarus), Brandy (Long Distance saking album Human), 4 tembang kanggé album Tomorrow déning Sean Kingston, sanèsipun punika wonten ing ageng hit Right Round saking album ROOT déning Flo Rida.
