
Bot guneman (chatbot) yaiku piranti alus utawa mukantara web sing dirancang kanggo guneman lumantar tulisan utawa lisan. Bot guneman modhèren umumé jroring (online) lan migunani sistem kacerdhasan gawéyan mangriptayasa (generative artificial intelligence) sing bisa ngreksa geguneman karo naraguna ing basa alami lan niru solah tingkahing manungsa minangka wawan gunem. Bot kaya kuwi kerep piguna deep learning lan pangolah basa alami. Nanging bot sing luwih samadya uwes awujud mataun-taun.
Bot guneman sapréné tansaya misuwur amarga ananing jeblugan kacerdhasan gawéyan warsa 2020-an, uga kondhanging ChatGPT, saha bot-bot guneman liya kayata Gemini, Claude, lan pungkasané Grok. Bot guneman AI umumé piguna sawijining dhasar modhèl basa gedhé kayata GPT-4 utawa model basa Gemini sing uwés di-fine-tuned kanggo piguna mirunggan.
Bot guneman uwes dipiguna suwé ing babagan layanan lan dhukungan palanggan, kanthi maneka werna asisten virtual.
