factograf
JV
Sign in

Borgol

Borgol
Borgol
Borgol
Borgol kuna
Borgol kuna
2 images

Borgol iku piranti penahan sing dirancang kanggo nyawijèkaké kaloro ugel-ugel tangan. Dumadi saka ronggelang sing digandhèng nganggo ranté cendhak, saben gelang bisa dibuka lan ditutup nganggo kunci. Pamborgolan racaké dilakoni kanggo nyegah supaya wong ora lumayu saka tahanan. Ana uga borgol sikil, borgol tangan sing duwé borgol jempol, lan sapanunggalané. Borgol bisa digawé saka waja tahan karat, waja karbon, aluminium, utawa polimèr.

PlastiCuffs

PlastiCuffs utawa FlexiCuffs iku borgol saka bahan plastik sing ènthèng, bisa digawa sajeroning gunggung sing akèh déning pulisi anti huru-hara, umpamané kanggo nangani protès lan karusuhan. Saliyané iku sawatara maskapé pamaburan uga saiki nggawa borgol plastik kanggo nahan penumpang sing gawé onar utawa tersangka térorisme. Borgol plastik mung bisa dicopot kanthi cara dikethok nganggo barang landhep.

Pranala njaba

  • The Lars Holst Restraint Collection
  • Yossie's Handcuff Collection
  • Atame's Collection of historical and modern Police restraints

Read next

In 57 languages

Text from Wikipedia, CC BY-SA 4.0 · Source article