factograf
JV

Beograd

Beograd

Key facts

dhuwur ing sadhuwuring lumahing sagara117m
minangkakutha
nagaraSerbia
All data from the card 24
Nagara
Serbia
Distrk
Kutha Beograd
Munisipal
17
Diadegaké
279 B.C.
Dhasar kukum
150 A.D.
Nyawiji
1918
• Waikutha
Aleksandar Šapić (SNS)
• Wakil Walikutha
Milan Krkobabić (PUPS)
• Parté kang kuwasa
Parté Dhémokrat Serbia/G17+/Parté Sosialis Serbia (SPS)-Parté Persatuan Pensiunan Serbia (PUPS) Parté Liberal Democrat Serbia (LDP)
• Dhéwan kutha
Pratélan Goran AleksićDarko BožićOliver GlišićAleksandra GojkovićZoran KostićGoran KreclovićDejan MaliDarijan MihajlovićŽeljko OžegovićNikola PavićMileta RadojevićMiroslav ČučkovićSlobodan Šolević
• Urban
359,96 km2 (13,898 sq mi)
• Métro
3.222,68 km2 (124,428 sq mi)
Élepasi
117 m (384 ft)
• City
1,281,801
• Pepadhet
506/km2 (1,310/sq mi)
• Urban density
3.283/km2 (8,500/sq mi)
• Métro
1,710,000
• Demonym
Belgrader
Zona wektu
CET (UTC+1)
• Usum panas (DST)
CEST (UTC+2)
Kodhe pos
11000
Kodhe laladan
(+381) 11
Car plates
BG
Situs wèb
www.beograd.rs
Sesawangan kutha Beograd
Sesawangan kutha Beograd
Beograd Baru
Beograd Baru
Penaklukan Beograd ing taun 1456
Penaklukan Beograd ing taun 1456
3 images

Beograd (basa Serbia: Београд) yaiku kutha krajan sisan kutha krajan budaya lan pendhidhikan, kutha krajan science lan ékonomi uga dadi kutha kang gedhé dhéwé dhéwé ing nagara Serbia (wiwit 2006), Serbia lan Montenegro (2003-2006) lan Yugoslavia (1918-2003). Kutha iki ambané watara 359,96 km² lan populasi kurang luwih 1,yuta jiwa. Dumunung ana ing tlatah sisih kidul wétan Éropah, yaiku ana ing Ujung Balkan. Ing kutha Beograd iki Kali Danub utawa Kali Donau kang mili saka Éropah Kulon ketemu karo Kali Sava kang mili saka kulon, kang ngliwati Bosnia Herzegovina. Mayoritas kang ndunungi yaiku bangsa Serbia kang agamané Kristen Orthodox. Basa kang dipigunaaké yaiku basa Serbia (Serbski) kanthi abjad Cirilyc. Dhuwit resminé dinar (dinara), nanging dhuwit Euro lan DM uga kanggo piranti pembayaran kang katampa ing sawenèh panggonan. Kodhe Aréa telepon kanggo telepon domestik yaiku 011 lan kanggo internasional ++381-11.

Géografi

Beograd dumunung ing 116,75 meter (383 kaki) sadhuwuring lumahé sagara lan ing patemon antara Kali Danube lan Kali Sava, ing koordinat 44°49'14" Lor, 20°27'44" Wétan. Inti sajarah Beograd,yaiku bètèng Kalemegdan, dumunung ing gisil tengen kali. Wiwit abad kaping- 19, kutha iki wis mekar mangidul lan mangétan, lan sawisé Perang Donya II, Beograd Anyar diyasa ing gisil kulon Kali Sava, nyambungaké kutha Beograd karo Zemun.

Iklim

Beograd duwé iklim kontinental kang moderat kanthi patang mangsa. Suhu rata-rata 11,7 °C (53,1 °F), lan sasi kang paling panas yaiku sasi Juli.

Papréntahan

The Old Palace, seat of City Assembly
The Old Palace, seat of City Assembly
Panorama New Belgrade ing sebrangé Kali Sava dideleng saka bètèng Kalemegdan.
Panorama New Belgrade ing sebrangé Kali Sava dideleng saka bètèng Kalemegdan.
2 images

Beograd iku tlatah kapisah ing Serbia, kanthi kakuwasan otonom. Walikutha saiki yaiku Dragan Đilas saka Parté Democratik. Walikutha pisanan kang kapilih kanthi dhémokratis sawisé Perang Donya II yaiku Zoran Đinđić, ing taun1996.

Dhéwan Kutha Beograd duwé anggota 110 kang dipilih kanggo mangsa patang taun. Parté-parté mayoritas yaiku Parté Dhémokratik-G17 Plus lan Socialist Party of Serbia-Party of United Pensioners of Serbia kanthi panjurung Liberal Democratic Party), and in similar proportions, with the Serbian Radical Party lan Democratic Party of Serbia-New Serbia minangka parté oposisi.

Minangka kutha krajan, Beograd uga dadi panggonan Dhéwan Nasional Serbia, pamaréntah Serbia lan badan-badan liyané, lan 64 kadutaan nagara manca.

Munisipalitas

Kutha iki kapérang dadi 17 munisipalitas.

Name Area (km²) Population (1991) Population (2002)
Barajevo 213 20,846 24,641
Čukarica 156 150,257 168,508
Grocka 289 65,735 75,466
Lazarevac 384 57,848 58,511
Mladenovac 339 54,517 52,490
Novi Beograd 41 218,633 217,773
Obrenovac 411 67,654 70,975
Palilula 451 150,208 155,902
Rakovica 31 96,300 99,000
Savski Venac 14 45,961 42,505
Sopot 271 19,977 20,390
Stari Grad 5 68,552 55,543
Surčin 285 52,000 54,000
Voždovac 148 156,373 151,768
Vračar 3 67,438 58,386
Zemun 154 176,158 136,645
Zvezdara 32 135,694 132,621
TOTAL 3227 1,552,151 1,576,124
Source: Statistical Office of Serbia

Dhémografi

Miturut sènsus taun 2002, golongan populasi utama ing Beograd yaiku: Wong Serbia (1,417,187), Yugoslavia (22,161), Wong Montenegro (21,190), Wong Romani (19,191), Wong Kroasia (10,381), Wong Macedonia (8,372), lan Muslim (4,617).

Wisata

  • Skadarlija
  • Musiyum lan Teater Nasional
  • Zemun
  • Nikola Pašić Square
  • Terazije
  • Benteng Kalemegdan
  • Prince Michael Street
  • Gedhung Parlemèn
  • Kuil Saint Sava
  • Avala Monument
  • Musoleum Tito

Sumber

  • Belgrade, by Slobodan Gulmac, Jugoslavenska Revija, 1989 ISBN 86-7413-046-1
  • Yugoslavia, Jugoslavenska Revija,1990, ISBN 86-7413-066-6
  • Yugoslavia, Jugoslavenska Revija, 1990, ISBN 7413-054-2

Deleng uga

  • Wikipedia Id: Beograd
  • Wikipedia En: Belgrade

Read next

In 197 languages

jvаԥсшәаAcèhадыгабзэAfrikaansAlemannischአማርኛaragonésÆngliscالعربيةالدارجةمصرىasturianuаварKotavaazərbaycancaتۆرکجهбашҡортсаBasa BaližemaitėškaBikol Centralбеларуская (тарашкевіца)беларускаяBetawiбългарскиবাংলাབོད་ཡིགbrezhonegbosanskiбуряадcatalàChavacano de Zamboanga閩東語 / Mìng-dĕ̤ng-ngṳ̄нохчийнCebuanoکوردیcorsuqırımtatarcačeštinakaszëbscziсловѣньскъ / ⰔⰎⰑⰂⰡⰐⰠⰔⰍⰟчӑвашлаCymraegdanskDeutschZazakidolnoserbskiΕλληνικάEnglishEsperantoespañoleestieuskaraestremeñuفارسیsuomivõroføroysktfrançaisarpetanNordfriiskfurlanFryskGaeilgeGagauzGàidhliggalegoAvañe'ẽGaelgHausa客家語 / Hak-kâ-ngîעבריתहिन्दीFiji HindihrvatskihornjoserbsceKreyòl ayisyenmagyarհայերենԱրեւմտահայերէնinterlinguaBahasa IndonesiaInterlingueIdoíslenskaitaliano日本語ქართულიQaraqalpaqshaTaqbaylitKumoringқазақша한국어kurdîкомиkernowekкыргызчаLatinaLadinoLëtzebuergeschLingua Franca NovaLimburgsLigurelombardlingálaລາວlietuviųlatviešuमगहीмокшеньMalagasyMāoriMinangkabauмакедонскиമലയാളംмонголဘာသာမန်मराठीBahasa MelayuMaltiэрзяньمازِرونیPlattdüütschनेपाल भाषाNederlandsnorsk nynorsknorskNovialDiné bizaadoccitanlivvinkarjalaиронਪੰਜਾਬੀPapiamentuPicardpolskiPiemontèisپنجابیپښتوportuguêsRuna Simirumantschromânăarmãneashtiрусскийрусиньскыйсаха тылаsardusicilianuScotsسنڌيdavvisámegiellasrpskohrvatski / српскохрватскиSimple EnglishslovenčinaslovenščinaGagana SamoachiShonaSoomaaligashqipсрпски / srpskiSesothosvenskaKiswahiliślůnskiதமிழ்తెలుగుтоҷикӣไทยTürkmençeTagalogtolışiTürkçeтатарча / tatarçaTwireo tahitiудмуртئۇيغۇرچە / Uyghurcheукраїнськаاردوoʻzbekcha / ўзбекчаvènetovepsän kel’Tiếng ViệtWest-VlamsVolapükWinarayWolof吴语მარგალურიייִדישYorùbáZeêuws文言閩南語 / Bân-lâm-gí粵語中文

Text from Wikipedia, CC BY-SA 4.0 · Source article