factograf
JV

Autisme

Autisme

Autisme utawa lelarat autis ya iku sawijining gangguan perkembangan bocah kang kompleks. Tandha-tandhane wis katon nalika bocah durung ngancik 3 taun. Sebab autis ya iku gangguan neurobiologis kang bisa ganggu fungsi utek saéngga bocah mau ora bisa komunikasi kanthi lancar karo wong liya. Autisma/Autisme dumadi saka tembung auto kang duwèni teges dhéwé. Istilah Autisme lagi kondhang wiwit taun 1943 déning Leo Kanner, sanajan lelara iki wis tinemu wiwit biyèn (Handojo,2003). Penyakit autis iki ndadèkaké bocah mau kerep nutup dhiri, saéngga ora duwé ketrampilan uga kapinteran kang kuduné disamektakaké minangka anggota masarakat. Miturut Abdi Susanto, Saya rikat anggoné didiagnosa lan olèh terapi kang trep, bokmanawa saya rikat uga bocah mau bisa tuwuh normal.

Read next

In 117 languages

Text from Wikipedia, CC BY-SA 4.0 · Source article