Albert Camus (dipocapaké [al'bɛr ka'my]) (Mondovi (saiki Dréan), Aljazair, 7 November 1913– Villeblin, 5 Januari 1960) iku panulis filsafat / filsuf Prancis kalairan Aljazair. Dhèwèké kerep éwoning panulis eksistensialis, nanging bokmanawa luwih bener diarani panulis absurdis. Camus iku wong katurunan Spanyol.
Taun 1957 Camus dianugrahi Bebungah Nobel Sastra mawa yuswa 44 taun. Camus iku kekancan raket karo Jean-Paul Sartre, sastrawan eksistensialis lan Simone de Beauvoir,éwadéné Camus duwé ilèn filsafat kang béda karo Sartre. Sanadyan akèh wong kang nyebut Albert Camus iku filsuf, dhèwèkè luwih seneng ingaran minangka sastrawan utawa seniman. Camus tilar donya sajeroning siji kacilakan montor ing Villeblevin tanggal 5 Januari 1960.
Latar wuri
Lucien Auguste Camus, bapakné d'Albert, iku lair ing taun 1885 ing Ouled-Fayet ing départemen Aljir lan dhèwèké iku katurunan kolonis kapisan Prancis ing Aljazair.
Karya
Karya Albert Camus antarané:
- Le mythe de Sisyphe, 1942
- L'Étranger, 1942
- Caligula, 1944
- La malentendu, 1944
- La peste, 1947
- L'état de siège, 1948
- Lettres à un ami allemand, 1948
- Les justes, 1950
- L'homme révolté, 1951
- La chute, 1956
- L'exil et le royaume, 1957
- Le premier homme (ora rampung, diterbitaké taun 1994 déning putriné, ing panerbitan Gallimard)
- Albert Camus, Maria Casarès. Correspondance inédite (1944-1959). Édition de Béatrice Vaillant. Avant-propos de Catherine Camus. Collection Blanche, Gallimard. Parution: 09-11-2017.
