factograf
JV

Afrodhit

Afrodhit

Afrodhit (Grikenlan: Ἀφροδίτη) ya iku dèwi katresnan, kacantikan, lan sèksualitas ana ing mitologi Yunani. Ana rong vèrsi lègendha kang béda ngenani kalairané Afrodhit. Vèrsi pisanan nyebutaké yèn Afrodhit iku putri saka Zeus lan Dione, nanging lègendha iki kurang populèr. Vèrsi kaping loro ya iku dhedhasar marang Theogonia karya Hesiodos, kang nyebutaké yèn Afrodhit dilairaké saka piranti kelamin Uranus kang ditugel déning Titan Kronos lan diuncalaké menyang sagara. Piranti kelamin iku banjur katutu déning buih sagara lan saka buih-buih iku mau banjur Afrodhit lair. Amarga ayuné, para déwa kewedèn yèn Afrodhit bakal njalari papecahan ana ing antarané para déwa, mula saka iku Zeus banjur ngramaké Afrodhit karo Hefaistos. Nanging Afrodhit duwé katresnan kang akèh saka kalangan déwa, kaya Ares, utawané saka kalangan manungsa, kaya Ankhises.

Afrodhit ya iku tokoh wigati ana ing lègendha Eros lan Psikhe, lan uga dadi ibu angkat lan uga dadi pacangan saka Adonis. Akèh manungsa lan déwa minor kang karan-sebut dadi anak saka Afrodhit. Salah siji putra saka Afrodhit kang misuwur ya iku Eros (Cupid), déwa asmara.

Afrodhit uga ditepungi dadi Kithireia (Wanita saka Kythira) lan Kipris (Wanita saka Siprus) amarga kaloro panggonan mau dianggep dadi panggonan kalairané Afrodhit.

Ana ing mitologi Romawi, dhèwèke ditepungi dadi Venus. Wong Yunani uga ngidhèntikaké dèwi Mesir kuna, Hathor, karo Afrodhit.

Afrodhit duwé jeneng liyané kaya Akidalia, Kythereia lan Kerigo, kang digunakaké ana ing sawijining laladan ing Yunani.

Tuwuhan myrtle, manuk dara, manuk gréja, jaran lan banyak dikramataké kanggo dhèwèke.

Read next

In 115 languages

Text from Wikipedia, CC BY-SA 4.0 · Source article